Tuesday, September 27, 2011

Cara Praktis Menolak Pelamar Kerja


By: Jil Kalaran

G : HRD
A : Calon pelamar kerja...

G : Kowe nduwe motor Opo ora....?
A : Mboten.
G : Ora ketompo
A : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit
A : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto
ngriki.
G : Wah malah ra ketompo ....
A : lho kok ngoten ?
G : Tempat parkire wis ra cukup.

G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
A : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayaré murah
A : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo ..
A : Lho kados pundi to..?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék
kerjo neng
perusahaan liyo..

G : Anakmu akèh oposithik ?
A : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
A : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe anaaaaaak terus
A : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak baé aras2en,opo manèh nyambut gawé

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
A: Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
A : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
A : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?

G : Kowé biso main Internét ?
A : mBoten
G : Kowé ora ketompo
A : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
A : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet,to?
Ngenték-entekké pulsa

G : Kowe waras opo ora?
A : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo..... ..
A : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene
A : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo..
A : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan Edan,,mugo mugo sing moco iki ora melu
edan..wkwkwk=))wkwkwkkk=

No comments:

Post a Comment

Gresik Baru, Manut Kiai, dan Jebakan Serimoni

Oleh SUHARTOKO Jika awal pemerintahan Kabupaten Gresik -- di bawah kepemimpinan Bupati Fandi Akhmad Yani (Gus Yani) dan Wakil Bupati Amina...

Popular Posts